Total Tayangan Halaman

Mengenai Saya

Selasa, 16 November 2010

TBC

TBC



TBc atau dikenal juga dengan Tuberkulosis adalah infeksi yang disebabkan oleh basil tahan asam disingkat BTA nama lengkapnya Mycobacterium Tuberculosis.



Walaupun TBC dapat menyerang berbagai organ tubuh ,namaun kuman ini paling sering menyerang organ Paru.



Infeksi Primer terjadi pada individu yang sebelumya belum memiliki kekebalan tubuh terhadap M Tuberculosis



Basil TBC terhisap melalui saluran pernapasan masuk kedalam paru ,kemudian basil masuk lagi ke saluran limfe paru dan dari ini basil TBC menyebar ke seluruh tubuh melalui aliran darah.

Melalui aliran darah inilah basil TBC menyebar keberbagai Organ tubuh.



Bagaimana mengetahui kita terserang TBC ?

TbC dapat kita diagnosa melalui pengkajian dari gejala klinis ,pemeriksaan fisik ,gambaran radiologi atau Rontgen Paru dan pemeriksaan laboratorium klinis maupun bakteriologis.



Gejala klinis yang sering ditemui pada tuberculosis paru adalah batuk yang tidak spesifik tetapi progresif.

Pada pemeriksaan fisik kadang kita dapat menemukan suara yang khas tergantung seberapa luas dan dan seberapa jauh kerusakan jaringan paru yang terjadi.



Pemeriksaan Rontgen dapat menunjukkan gambaran yang bermacam macam dan tidak dapat dijadikan gambaran diagnostik yang absolut dari Tuberculosis Paru.



Pada pemeriksaan laboratorium ,peningkatan Laju Endap Darah dapat menunjukan proses yang sedang aktif ,tapi laju endap darah yang normal bukan berarti menyingkirkan adanya proses Tuberculosis.



Penemuan adanya BTA pada Dahak , bilasan bronkus ,bilasan lambung ,cairan pleura atau jaringan paru adalah sangat penting untuk mendiagnosa TBC Paru.

Sering dianjurkan untuk pemeriksaan dahak sebanyak 3 kali untuk dahak yang diambil pada pagi hari.



Pengobatan TBC Paru :

Pengobatan bertujuan untuk menyembuhkan ,mencegah

kematian ,dan kekambuhan.

Obat TBC yang utama adalah Isoniazid ,Rifampisin ,pirazinamid ,streptomisin dan etambutol.

Sedangkan jenis obat tambahan yang biasa digunakan adalah kanamisin ,kuinolon ,makroloid dan amoksisilin di kombinasikan dengan klavulanat.

Pengobatannya secara keseluruhannya dapat mencapai 12 bulan.








Batuk - batuk

kronis ,badan

semangkin ku-

rus ,badan se

ring berkeringat

pada malam hari.



Riwayat merokok ,kon-

tak dengan pen

derita TBC da-

lam waktu lama

menguatkan du

gaan kearah pe

nykit TBC.



Segeralah perik

sakan ke dok-

ter anda .



Berhenti mero

kok adalah tin

dakan yang bi

jaksana untuk

menjaga kese

hatan anda



Faktanya TBC

telah banyak

menelan ba

nyak korban

>> ( infonya)

Pendhidhikan menengah

Pendhidhikan menengah (sadurungé dikenal kanthi sebutan sekolah lanjutan tingkat atas utawa SLTA) iku jenjang pendhidhikan lanjutan saka pendhidhikan dhasar.
Bab lan Paragraf
[delikna]

* 1 Jinis
o 1.1 Pendhidhikan menengah umum
o 1.2 Pendidikan menengah kejuruan
* 2 Satuan pendhidhikan penyelenggara
* 3 Deleng uga

[sunting] Jinis
[sunting] Pendhidhikan menengah umum

Pendhidhikan menengah umum diselenggarakaké déning sekolah menengah atas (SMA) (naté dikenal kanthi istilah "sekolah menengah umum" utawa SMU) utawa madrasah aliyah (MA). Pendhidhikan menengah umum diklompokaké jroning program studi miturut kabutuhan kanggo sinau sabanjuré ing pawiyatan luhur lan urip jroning masarakat. Pendhidhikan menengah umum dumadi saka 3 (tiga) tingkat.
[sunting] Pendidikan menengah kejuruan

Pendhidhikan menengah kejuruan diselenggarakaké déning sekolah menengah kejuruan (SMK) utawa madrasah aliyah kejuruan (MAK). Pendhidhikan menengah kejuruan diklompokaké jroning bidang kejuruan didhasaraké marang perkembangan ilmu pengetahuan, tèknologi, lan/utawa seni, donya indhustri/donya usaha, katenagakerjaan (tataran nasional, regional utawa global), kajaba kanggo program kejuruan sing kagandhèng karo upaya-upaya palestarèn warisan budaya. Pendhidhikan menengah kejuruan dumadi saka 3 (tiga) tingkat, bisa uga dumadi saka 4 (patang) tingkat miturut tuntutan donya kerja.
[sunting] Satuan pendhidhikan penyelenggara

* Sekolah menengah atas (SMA)
* Madrasah aliyah (MA)
* Sekolah menengah kejuruan (SMK)
* Madrasah aliyah kejuruan (MAK)
* Program paket C
* Pendhidhikan diniyah menengah atas

[sunting] Deleng uga

* Pendhidhikan anak usia dini
* Pendhidhikan dhasar
* Pendhidhikan dhuwur

Wuku

Wuku iku arane unit wektu sing ditata saka 30 peken. Sa-peken utawa minggu katata saka 7 dina. Dadi sataun wuku katata saka 210 dina. Pangitungan nganggo wuku utawa diarani pawukon digunakake ing Bali lan Jawa.

Sajane ide dhasar saka pangitungan miturut wuku iki yaiku patemonane rong dina ing sistem pancawara(pasar) lan saptawara(peken) sing dadi siji. Sistem pancawara utawa pasaran katata saka limang dina, lha banjur sistem saptawara kata saka pitung dina.

Ing sawuku, patemonane antara dina pasaran lan dina peken wis mesthi. Conthone dina Setu-Pon ana ing wuku Wugu. Miturut kaparcayan tradisional wong Bali lan Jawa, kabeh dina-dina iki nduwe arti dhewe-dhewe.
Bab lan Paragraf
[delikna]

* 1 Daftar Wuku-Wuku
* 2 Perabot Wuku
o 2.1 Perabot Wuku sing kagolong Penanggalan
o 2.2 Perabot Wuku sing kagolong Bincil
o 2.3 Perabot Wuku sing asalé saka leluri
* 3 Wariga gemet
* 4 Referensi
* 5 Ugi Pirsani
* 6 Pranala njaba

[sunting] Daftar Wuku-Wuku

1. Sinta
2. Landhep
3. Wukir, Ukir1
4. Kurantil, Kulantir1
5. Tolu, Tulu1
6. Gumbreg
7. Wariga alit, Wariga1
8. Wariga agung, Warigadian1
9. Julungwangi, Julungwangi1
10. Sungsang



11. Galungan, Dungulan1
12. Kuningan
13.Langkir
14. Mandasiya, Medangsia1
15. Julungpujut, Pujut1
16. Pahang
17. Kuruwelut, Krulut1
18. Marakeh, Merakih1
19. Tambir
20. Medangkungan


21. Maktal
22. Wuye, Uye1
23. Manahil, Menail1
24. Prangbakat
25. Bala
26. Wugu. Ugu1
27. Wayang
28. Kulawu, Kelawu1
29. Dukut
30. Watugunung

1Jeneng alternatif, biasane sing dienggo ing Bali. Yen dideleng mung pasang aksarane (ejaan) sing rada beda.
[sunting] Perabot Wuku

Perabot Wuku bisa dibédakaké dadi telung jinis, yakuwi:[1]

* sing kagolong Penanggalan, yaiku perabot Wuku sing lumaku miturut tanggal.
* sing kagolong Bincil,
* sing asalé sala leluri.

[sunting] Perabot Wuku sing kagolong Penanggalan

Perabot Wuku sing kagolong Penanggalan iku perabot Wuku sing lumaku miturut tanggal, yaiku: dina, pasaran, padéwan, paringkelan lan padangon.

* Padewan, yaiku perabot Wuku sing dumadi saka wolung rupa, gunané kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané. Padéwan iku nduwèni nomer urut sing ora kena diowahi. Cara ngitungé diwiwiti saka urutan pisanan 'Bethari Sri' ing dina Ahad Paing Wuku Sinta nganti entèk nembé bali manèh saka wiwitan. Perlu diélingi yaiku nalika Wuku Galungan, Bathara Kala wiwit dina Senèn Pon, Selasa Wagé sacara terus terusan sajroning 3 dina, nembé genti Bathari Uma ing dina Rebo Kliwon. Katelu dina kasebut dijenengaké Dungulan utawa Dendan Kukudan. Urutan lan watek sarta mupangaté kaya daftar ing ngisor:
o Bethari Sri, wateké: welas asih, mupangaté: nandur pari lan klapa.
o Bathara Indra, wateké: teliti nanging angkuh, mupangaté: wiwit ajar kabèh èlmu.
o Bathara Guru, wateké: mènèhi pacoban lan ganjaran, nanging "lelemeran", mupangaté: masang tumbal.
o Bathara Yamadipati, wateké: pangertèn nanging kesèd, mupangaté: miwiti usaha dagang.
o Bathara Rudra, wateké: berbudi lan bojakrama (loma bab panganan), mupangaté nderes, gawé sumur, wangan.
o Bathara Brama, wateké: nrangasan lan ora srantan, mupangaté: miwiti babad alas lan sawah tegalan.
o Bathara Kala, wateké: èlèk budiné, serakah, seneng ngapusi. mupangaté: gawé paugeran aturan lsp.
o Bathari Uma, wateké: welas nanging jail, mupangaté: gawé pager lan wates.
* Paringkelan, asal saka ringkel sing tegesé apes. Paringkelan ana enem yaiku: Tungle, Aryang, Wurukung, Paningron, Uwas, lan Mawulu.
o Tunglé: tegesé apesé ing godhong, wateké: sanggup nanging ora diayahi, mupangat:gawé isin, larangan: aja nandur sing dijupuk godhongé kaya tembako, suruh, janganan lsp.
o Aryang: tegesé apesé ing manungsa, wateké:kerep lali, mupangat: gawé sabangsa racun, warangan lsp, larangan: mantu, ngadegaké omah, pindhah omah, miwiti nandur.
o Wurukung: tegesé apesé ing kéwan, wateké: léna, mupangat: kanggo ajag, larangan: negor alas.
o Paningron: tegesé apesé ing manuk, wateké: takabur, mupangat: mikat uatawa luru manuk, larangan: gawé kurungan.
o Uwas: tegesé apesé ing iwak loh, wateké: mélikan, mupangat: gawé piranti golèk iwak kaya jala, jaring, pancing lsp.
o Mawulu: tegesé apesé ing wiji, wateké: kerep lara, mupangat: miwiti ngolah sawah, larangan: miwiti nandur winih.
* Padangon, yaiku perabot Wuku sing dumadi saka sangang rupa kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané.[2]
o Dangu: tegesé watu, wateké: meneng, cublúk, abot, atos.
o Jagur: tegesé macan, wateké: galak, awas, luwes, rosa.
o Gigis: tegesé bumi, watêké : jembar, ngreksa, momot.
o Kerangan: tegesé srengéngé, wateké: atos, titi, ajeg, ngawruhi ala lan becík, padhang.
o Nohan: tegesé rembulan, wateké: bungah lan sengsem, asan, kena pitenah.
o Wogan: tegesé uler, wateké : mugên, antêpan.
o Tulus: tegesé banyu, wateké : temen, rosa, jembar, diérami, lembut pangarahé.
o Wurung: tegesé geni, wateké : panasbaran ing sabarang karepé.
o Dadi: tegesé kayu, wateké: luhur lumuh kaungkulan.

[sunting] Perabot Wuku sing kagolong Bincil

* Paarasan, ana 10 werna miturut gunggung neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara sepuluh lan sisané nuduhaké wateké wong kasebut. Yèn gunggung neptu 10 utawa kurang saka sepuluh, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau. Urutan Paarasan lan wateké:
1. Aras Tuding lakuning sétan, wateké antara liya wanthèn, kerep kaanggo gawéné nanging seneng mélik (calimut).
2. Aras Kembang lakuné jejodhon, wateké antara liya ora diéman nanging gampang antuk rasa asih saka wong liya sarta gampang mikir lan nyambut gawé.
3. Lakuné Lintang, wateké antara liya meneng, andhap asor, sabar betah melèk, bisa dagang lan kawruh basa, nanging yèn duwé karep ora bisa dialang-alangi lan kerep pindhah omah.
4. Lakuné Rembulan, wateké antara liya pinter samubarang gawéyan, wawasan jembar, cepet mukti nanging ora bisa sugih amarga sungkanan.
5. Lakuné Srengéngé, wateké antara liya manis wicara, pangertèn, sering dialem, nanging yèn tukaran tansah kalah.
6. Lakuné Banyu, wateké antara liya teguh budiné, sregeb, ramah kerep dadi pamimpin.
7. Lakuné Bumi, wateké antara liya meneng, gampang nesu, ora duwé kanca lan bodho atiné welas asih.
8. Lakuné Geni, wateké antara liya gampang nesu, dhengki.
9. Aras Peksi Lakuné Angin, wateké antara liya meneng, seneng dialem.
10. Aras Pepet Lakuné Pandhita Sekti, wateké antara liya meneng, landhep pikiré.

Tabel neptu miturut dina lan pasaran:
Tabel Neptu dina lan pasaran
Dina Neptu Pasaran Neptu
Ngaat / Minggu 5 Kliwon 8
Senèn 4 Legi 5
Selasa 3 Paing 9
Rebo 7 Pon 7
Kemis 8 Wage 4
Jemuwah 6
Setu 9


* Pancasuda, ana 7 werna miturut gunggung neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara pitu lan sisané nuduhaké wateké wong kasebut. Yèn gunggung neptu 7 utawa kurang saka pitu, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.

*
1. Wasésa Segara: wateké agung budiné, gampang mènèhi ngapura, bisa nampa omongan apik lan èlèk sarta gedhé wibawané.
2. Tunggak Semi: wateké Ora pedhot rejekiné.
3. Satria Wibawa: wateké tansah antuk kawibawan lan drajad.
4. Sumur Sinaba: wateké dadi panggonan ngangsu kawruh.
5. Satria Wirang: wateké kerep nanggung isin lan kena alangan.
6. Bumi Kapetak: wateké atiné resik kudu sregeb nyambut gawé lan tirakat.
7. Lebu katiup angin: wateké mlaratan, ora krasanan kerep pindhah, kerep ora kasembadan rencanané lan kerep ngalamun.

Tabel neptu Pancasuda:
Tabel Neptu Pancasuda
Dina Neptu Pasaran Neptu
Ngaat / Minggu 6 Kliwon 8
Senèn 4 Legi 5
Selasa 3 Paing 9
Rebo 6 Pon 7
Kemis 5 Wage 4
Jemuwah 7
Setu 8


* Kamarokan, ana 6 werna miturut neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara enem lan sisané nuduhaké wateké wong kasebut. Yèn gunggung neptu 6 utawa kurang saka enem, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.

*
1. Nuju Padu: wateké èlèk, kerep sulaya.
2. Kala Tinantang: wateké èlèk, tansah kakurangan kerep lara lan gampang nesu.
3. Sanggar Waringin: wateké apik, tentrem, antuk kabagjan lan rejeki, atiné tenang lan bisa dadi pelindhung kulawarga sarta seneng golèk kawruh.
4. Mantri Sinaroja: wateké apik, kagayuh apa sing dikarepaké, uripé seneng ora kakurangan sandhang pangan lan akèh anaké.
5. Macan Ketawan: wateké sedengan, disegani nanging uga diadohi lan kerep kélangan.
6. Nuju Pati: wateké mampet rejekiné, susah uripé, yèn kanggo mantu cepet pisahan, kerep kena bilahi.

[sunting] Perabot Wuku sing asalé saka leluri

* Waler-sanger:
o Sing asal saka pawukon antara liya: Taliwangké, Sampar wangké, Dungulan, Kala Dité, Kala mendhem, Anggara kasih, Bulan sunya, Tangisé Dewi Sinta, Jabung kala Wuku, Jaya bumi, Sarik agung lsp.
o Sing ora asal saka pawukon antara liya: Bangas, Rebo wekasan, Dina tanpa tanggal lsp.

[sunting] Wariga gemet

Wariga Gemet iku kasimpulan ala becikíng siji-sijiníng dina ing saubengan wuku. Cacahé ana 210 dina. Saben siji-sijiníng dina ing sajroné saubengan wuku duwé watak ala utawa becík (rahayu). Carané nemtokaké ala beciking dina nganggo nggabungaké kabèh watak-wataké prabot Pawukon lan Wetonan. Menawa bakal kanggo ngadani pakaryan gedhé kayadéné duwé gawé lan sapanunggalané perlu digatèkaké sirikan-sirikan kasebut ing ngisor iki

Dina penanggalan: Dinå pétungan 7 (Saptawara), kabèh dianggep becik ora ana síng disirík. Dina Pasaran (Pancawara), kabèh ora ana síng disirík. Dina Paringkêlan (Sadwara), síng disirík siji paringkelan yakuwi: Aryang.

Dina kang dudu penanggalan: Dina Padéwan (Astawara), síng disirík siji : padéwan Kala. Dina Padangon (Sangawara), síng disirík siji : padangon Wurung.

Praboté Pawukon Bincilan (pétung neptu): Pancasudå, ana 7 werna, kang disirík 3, yaiku: Satriyå Wirang, Bumi Kapetak, lan Lebu Katiyúb Angín. Rakam (kamarokan) , ana 6 werna, sing disirík 3, yaiku: Kala Tinantang, Demang Kandhuruwan, lan Nuju Pati. Paarasan, ana 10 werna, síng disirík 2, yaiku Aras Tudíng lan Aras Pepet.

Praboté Pawukon Leluri: Tali Wangké, ana 6 disirík kabèh. Sampar Wangké, ana 5 disirík kabèh. Sarik Agung, ana 4 disirík kabèh. Kala Dhité, ana 3 disirík kabèh. Dhendhan Kukudan, ana 3 urut-urutan disirík kabèh. Séngkan Turunan, ana 10 síng disirík 5, yaiku : Asu Ajag Tumurun, Sapi Gumarang Tumurun, Cèlèng Demalung Tumurun, Kuthilapas Sumengka, lan Srigati Sumengka.

Wariga Gemet lumrahé isíh diganepi nganggo waton-waton liyané nalikané golèk dina becik kanggo sawijiníng kaperluwan. Jalaran manut panemuné wong Jawa pancèn ana waton-waton síng kudu dienggoni tumrapíng sasi, tanggal, lan dina. Sasi :

* Siji-sijiníng sasi iku ana sing dianggep becík kanggo keperluwan.
* Siji-sijiníng sasi ana dina sing diarani “sangar” lan “larangan” sing perlu disirík.
* Sasi kang ora ana dinané Anggara Kasíh (Selasa Kliwon) beciké disirík.

Tanggal:

* Ana tanggal saben sadhéngah sasi síng dianggep ala kanggo kaperluwan.
* Ana tanggal naas lan bangas síng perlu disirík.

Dina:

* Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran wiwitaning taun beciké disirík.
* Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran pungkasaníng taun beciké disirík.
* Dina lan pasaran kang padha karo dina lan pasaran tanggal 3 Sura beciké disirík.

Cathetan: Panampané saben wong marang anané Wariga Gemet sing nengeri dina ala lan becík ora padha. Bisa percaya bisa ora. Ana síng nganggep kabèh dina becík ora perlu wedi menawa arep nindakaké apa waé.

Pangéran Dipanegara

Potret Pangeran Diponegoro (1835)

Pangéran Dipanegara utawa ing basa Indonésia Pangeran Diponegoro (Yogyakarta, 11 November 1785 - Makassar, 8 Januari 1855) kuwi sawijining pahlawan nasional Republik Indonesia. Pasaréyané dumunung ana ing Ujung Pandang.
Bab lan Paragraf
[delikna]

* 1 Asal-usul Diponegoro
* 2 Riwayat Perjuangan
* 3 Penangkapan lan pengasingan
* 4 Referensi
* 5 Wacan
* 6 Delengen uga
* 7 Pranala njaba

[sunting] Asal-usul Diponegoro

Diponegoro kuwi putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, yaiku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Diponegoro duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.

Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Diponegoro nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu yakuwi: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.

Diponegoro luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) yakuwi nalika Diponegoro dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono kuwi ora disarujuki déning Diponegoro.
[sunting] Riwayat Perjuangan

Artikel utama: Perang Diponegoro

Perang Diponegoro miwiti nalika Walanda masang pathok ing tanah duwèké Diponegoro ing désa Tegalrejo. Wektu kuwi, pamjenengané pancèn wis eneg karo tumindaké Walanda kang ora ngregani adat istiadat lan ngèksploitasi rakyat kanthi pajak.

Sikap Diponegoro kang nentang Walanda sacara terang-terangan, olèh simpati lan dhukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, pamané, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, lan gawé markas ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu kuwi, Diponegoro nyatakaké yèn perlawanané kuwi minangka perang sabil, perlawanan ngadhepi kaum kafir. Semangat "perang sabil" kang dikobaraké déning Diponegoro nggawa pengaruh nganti tekan wilayah Pacitan lan Kedu. Salah sawijining tokoh agama ing Surakarta, yakuwi Kyai Maja, mèlu nggabung karo pasukan Diponegoro ing Goa Selarong.

Sajroning perang iki karugên pihak Walanda ora kurang saka 15.000 tentara lan 20 yuta gulden.

Manéka cara terus diupayakaké déning Walanda kanggo nyekel Diponegoro. Malah nganggo sayembara barang. Bebungah 50.000 Gulden diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nangkep Diponegoro. Nganti pungkasané Diponegoro dijebak lan dicekel ing taun 1830.
[sunting] Penangkapan lan pengasingan

* 16 Februari 1830 Pangeran Diponegoro lan Kolonel Cleerens ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purworejo. Cleerens ngusulaké supaya Kanjeng Pangeran lan pendhèrèk lèrèn dhisik ing Menoreh sinambi nunggu karawuhané Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saka Batavia.

Lukisan Prastawa Penangkapan Pangeran Diponegoro déning VOC

* 28 Maret 1830 Diponegoro nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké perundingan lan ndesek Diponegoro supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Diponegoro. Nanging Waelanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina kuwi uga Diponegoro ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhung Karesidenan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.

* 11 April 1830 tekan Batavia lan ditawan ing Stadhuis (saiki gedhung Museum Fatahillah), sawetara nunggu kaputusan saka Gubernur Jenderal Van den Bosch.

* 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangeran Diponegoro, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pedhèrk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.

* 3 Mei 1830 Diponegoro lan rombongan dibudhalaké nganggo kapal Pollux menyang Manado lan ditawan ing Bèntèng Amsterdam.

* 1834 dipindahaké menyang Bèntèng Rotterdam ing Makassar, Sulawesi Kidul.

* 8 Januari 1855 Diponegoro wafat lan disarèkaké ing kampung Jawa, Makassar.[1]

Jroning perjuangan, Pangeran Diponegoro dibantu déning puterané kang asma Bagus Singlon utawa Ki Sodewo. Ki Sodewo ngayahi paperangan ing wilayah Kulon Progo lan Bagelen.

Ki Sodewo duwé ibu kang asmané Citrowati, kang séda ing sajroning serangan Walanda. Ki Sodewo cilik utawa Bagus Singlon tuwuh diwasa jroning asuhan Ki Tembi, kapercayaan Pangeran Diponegoro. Bagus Singlon utawa Raden Mas Singlon utawa Ki Sodewo sawisé remaja banjur nyusul bapaké ing medan pertempuran. Saora-orané Pangeran Diponegoro duwé 17 putra lan 5 putri, kang kabèh saiki nyebar ing saindhenging Indonésia, kalebu ing Jawa, Sulawesi lan Maluku

Pengikut