Total Tayangan Halaman

Mengenai Saya

Selasa, 16 November 2010

Pangéran Dipanegara

Potret Pangeran Diponegoro (1835)

Pangéran Dipanegara utawa ing basa Indonésia Pangeran Diponegoro (Yogyakarta, 11 November 1785 - Makassar, 8 Januari 1855) kuwi sawijining pahlawan nasional Republik Indonesia. Pasaréyané dumunung ana ing Ujung Pandang.
Bab lan Paragraf
[delikna]

* 1 Asal-usul Diponegoro
* 2 Riwayat Perjuangan
* 3 Penangkapan lan pengasingan
* 4 Referensi
* 5 Wacan
* 6 Delengen uga
* 7 Pranala njaba

[sunting] Asal-usul Diponegoro

Diponegoro kuwi putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, yaiku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Diponegoro duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.

Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Diponegoro nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu yakuwi: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.

Diponegoro luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) yakuwi nalika Diponegoro dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono kuwi ora disarujuki déning Diponegoro.
[sunting] Riwayat Perjuangan

Artikel utama: Perang Diponegoro

Perang Diponegoro miwiti nalika Walanda masang pathok ing tanah duwèké Diponegoro ing désa Tegalrejo. Wektu kuwi, pamjenengané pancèn wis eneg karo tumindaké Walanda kang ora ngregani adat istiadat lan ngèksploitasi rakyat kanthi pajak.

Sikap Diponegoro kang nentang Walanda sacara terang-terangan, olèh simpati lan dhukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, pamané, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, lan gawé markas ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu kuwi, Diponegoro nyatakaké yèn perlawanané kuwi minangka perang sabil, perlawanan ngadhepi kaum kafir. Semangat "perang sabil" kang dikobaraké déning Diponegoro nggawa pengaruh nganti tekan wilayah Pacitan lan Kedu. Salah sawijining tokoh agama ing Surakarta, yakuwi Kyai Maja, mèlu nggabung karo pasukan Diponegoro ing Goa Selarong.

Sajroning perang iki karugên pihak Walanda ora kurang saka 15.000 tentara lan 20 yuta gulden.

Manéka cara terus diupayakaké déning Walanda kanggo nyekel Diponegoro. Malah nganggo sayembara barang. Bebungah 50.000 Gulden diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nangkep Diponegoro. Nganti pungkasané Diponegoro dijebak lan dicekel ing taun 1830.
[sunting] Penangkapan lan pengasingan

* 16 Februari 1830 Pangeran Diponegoro lan Kolonel Cleerens ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purworejo. Cleerens ngusulaké supaya Kanjeng Pangeran lan pendhèrèk lèrèn dhisik ing Menoreh sinambi nunggu karawuhané Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saka Batavia.

Lukisan Prastawa Penangkapan Pangeran Diponegoro déning VOC

* 28 Maret 1830 Diponegoro nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké perundingan lan ndesek Diponegoro supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Diponegoro. Nanging Waelanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina kuwi uga Diponegoro ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhung Karesidenan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.

* 11 April 1830 tekan Batavia lan ditawan ing Stadhuis (saiki gedhung Museum Fatahillah), sawetara nunggu kaputusan saka Gubernur Jenderal Van den Bosch.

* 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangeran Diponegoro, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pedhèrk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.

* 3 Mei 1830 Diponegoro lan rombongan dibudhalaké nganggo kapal Pollux menyang Manado lan ditawan ing Bèntèng Amsterdam.

* 1834 dipindahaké menyang Bèntèng Rotterdam ing Makassar, Sulawesi Kidul.

* 8 Januari 1855 Diponegoro wafat lan disarèkaké ing kampung Jawa, Makassar.[1]

Jroning perjuangan, Pangeran Diponegoro dibantu déning puterané kang asma Bagus Singlon utawa Ki Sodewo. Ki Sodewo ngayahi paperangan ing wilayah Kulon Progo lan Bagelen.

Ki Sodewo duwé ibu kang asmané Citrowati, kang séda ing sajroning serangan Walanda. Ki Sodewo cilik utawa Bagus Singlon tuwuh diwasa jroning asuhan Ki Tembi, kapercayaan Pangeran Diponegoro. Bagus Singlon utawa Raden Mas Singlon utawa Ki Sodewo sawisé remaja banjur nyusul bapaké ing medan pertempuran. Saora-orané Pangeran Diponegoro duwé 17 putra lan 5 putri, kang kabèh saiki nyebar ing saindhenging Indonésia, kalebu ing Jawa, Sulawesi lan Maluku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengikut